Rabu, 05 Oktober 2011

Tanggap Wacana


ini diaa .. Tanggap Wacana atau Pidato Bahasa Jawa. 
Ulla ngebuat Tanggap Wacana ini dibantu Ayah sama Pakdhe Subagio ,, ^^
Jadi gini, ulla bikin pidato versi bahasa indonesianya dulu, baru ditranslate bareng-bareng. Hehehehe ..

Sebenarnya ada 2 versi, ini yang Ulla ketik Versinya Pakdhe sama Ayah ..
Ada lagi versi yang sama Budhe Sari ..
Untuk semua pihak yang sudah membantu Ulla menyelesaikan tugas ini. Terimakasih yaa .. ^^

Assalamualaikum Wr.Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang kawula hormati
Bapak/Ibu Guru miwah Para Wali Murid ingkang winantu ing rahayu
Para Siswa SMPN 1 Balongbendo ingkang kawula tresnani

Kanthi puji-puja harja miwah kairing jatining pakurmatan sumangga ing semangke wanei kita sami ngaturaken puja tuwin pudyastuti dumateng Gusti ingkang Maha Asih. Hawit saking peparingipun sih Nugrahaning Gusti pranyata pahargyan ing adicara purna siswa utami perpisahan punika saget kelaksanan amargi saking jumbuhing cipta, rasa, karsa, daya dalah karyaning para siswa panitya yayasan miwah para rawuh.

Shalawat saha salam mugi tansah keanjuk winten ing ngersanipun Gusti kanjeng Nabi Muhammad S.A.W

Para Rawuh ingkang winantu ing rahayu,
Nuwun kepareng matur, wonten ing siang punika kawula kadhawuhan hanyulihi para kanca siswa kelas IX.

Ingkang wiwitan kawula ngaturaken agung ing panuwun dumateng Bapak Ibu guru ing selami 3 warsa anggula wenthah, paring ilmu saha wawasan dumateng kawula sedaya para siswa. Pramila mugi awal ingkang ketindakaken para Bapak saha Ibu guru pikantuk piwales saking Gusti ingkang Murba, Aminn ...


Wondene atur ingkang 2 , kawula atas nami saking para siswa bilih selami 3 warsa marsudi woten ing yayasan SMPN 1 Balongbendo wonten tindak tanduk saha atur uricara ingkang kirang prayogi menggahing penggalih para Bapak Ibu Guru, kawula nyuwun lumebering samodra pangaksani.

Bapak Ibu guru miwah para rawuh ingkang winatu ing rahayu. Wonten ing perpisahan punika mugi yayasan SMPN 1 Balongbendo ing selajugipun tansaya mekar-grembaka saha augagungaken Budaya Nasional. Kanthi makaten jantraning yayasan SMPN 1 Balongbendo , temtu tansah ngener, ngenut saha ngisi Pancasila ing kabudayaan.

Para Rawuh ingkang minulya ,
Rehne wigatring pepanggihan ing siang punika mahargyo para purna siswa, kawula ngaturaken sugeng pepisahan, mugi sedyatomo panjenengan kai jabahana. Amin.. Amin Ya Robbalalamin ..
Titi wahyaning pangesthi sumangsa sami setya apuji bekti saha aug-reranti sih Nugrahaning Gusti.

Nuwun~~
Wassalamualaikum Wr.Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar